Selasa, 27 Juli 2010

Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbébasaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.

Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami Dèwi Sita. Lajeng para pasarta dipunkèn ngrentangaken gandhéwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sita. Mboten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun laré mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama sanjang menawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sita kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sita saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rawana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngekèn Rawana nyulik Sita kaliyan ngepèk dados sèmahipun.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sita. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sita katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sita dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sita karungu déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sita. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sita dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rawana.

Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rawana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sita. Sita saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.











Tidak ada komentar:

Posting Komentar